Jumat, 27 April 2018

NADZOM SAPU JAGAT JILID 2 BAB 4-8 KARYA K. H. MUCHDIR 'ARIFIN CIPARI CILACAP


BAB  4
WELAS ASIH  LAN NASEHAT

Wong kang ahli ilmu supaya welasan
Sarta gelem mituturi kebagusan

Dene kepengin ora ana larangan
Nganggo cara sira nyuwun ing pangeran

Mugi Allah kersa paring kenikmatan
Kaya kang di paringake marang liyan

Lamon ana wong liya kang gawe ala
Marang sira, sira aja males ala

Wong kang tukang drengki selawase susah
Luwih-luwih yen sira ilmune tambah

Wong kang drengki medhit ing nikmate Allah
Wong kang tambah ilmune, nikmate tambah

Aja ketungkul ngadhepi satru nira
Ketungkula mbagusi ing awak ira

Lamon sira wus mbagusi awak ira
Insya Allah bakal kalah satru nira


Ahli ilmu atine kudu kuatan
Kuat nyangga marang pi alane liyan

Lamon karo wong bodho gelem mungsuhan
Selawase mesthi korban perasaan

Wiwit biyen manungsa iku anane
Mung gawe cidra kanggo mancing bendune

Tetapi ingkang paling abot sanggane
Iku ngempet ing pilarane atine

Nyana ala ing wong mukmin aja pisan
Sebab dadi marakake memungsuhan

Nyana ala sebab alane kelakuan
Nyana ala sebab alane pikiran

Wong kang ala kelakuan lan pikirane
Ngandel ing mungsuhe, mungsuhi kancane

Ahli ilmu kudu nyimpen perasaan
Saka wong kang bodho kang gawe kesulitan

Lewih becik meneng ketimbang munsuhan
Cukup di rungu sekabehe omongan
 


BAB 5
 NGREKSA/NJAGA

Wong ahli ilmu iku kabeh wektune
Kudu manfa’at kanggo nambah ilmune

Nulis masalah iku penggaweyane
Ora keri alat tulis lan mangsine

Ilmu kang di tulis iku ora ilang
Yen mung di apal iku laline gampang

Yen wis apal di tulis supaya gampang
Kelingan nalika atine mamang

Ilmu iku kang hasil saka pundhutan
Para ‘ulama kang paring pangandikan

Ingkang apal rungon kang dadi pilihan
Kang ngendika paling baguse apalan

Nalika Gusti Nabi Panjenengane
Di susuni mbaleni pangandikane

Jawabe gusti Nabi pangandikane
Apa kanggo nulis wis ana mangsine


Wektu sawengi iku wektu kang panjang
Nanging yen sira turu panjange kurang

Wektu raina iku wektu kang padhang
Aja di petengi nganggo laku nyimpang

Guru ingkang tua dadi kesempatan
Di alap ilmune duwe kautaman

Wong kang tua lewih sugih pengalamane
Ngalap ing berkahe aja ketinggalan

Bandha kang ilang utawa ketinggalan
Bisa ketemu nang liyane panggonan

Nanging ilange wektu lan kesempatan
Ora bisa di goleti babar pisan

Mula santri kang lagi duwe tujuan
Aja mundur sadurunge kaleksanan

Lamon mundur bakal nampa kerugian
Sira nyuwuna pangreksa ing Pangeran
 




BAB 6
WIRA’I

Wong kang ora wirangi wektu ngajine
Bakal di coba nganggo salah sijine

Perkara telu siji enom matine
Nomer lorone wong bodho campurane

Nomer telu ngemban tugas pemerintah
Ingkang nganti ilmu agamane kalah

Gelem mbenerake tindakan kang salah
Tujuan nulungi agamane bubrah

Santri ingkang lewih akeh wira’ine
Ya lewih akeh manfa’ate ilmune

Lan santri mau lewih gampang ngajine
Lewih enggal ‘alim ketimbang liyane

Lan aja kakehan turu lan mangane
Sertane aja kakehan gunemane

Ing perkara kang ora ana gunane
Supayane sira manfa’at ilmune


Jajan pasar baguse aja di pangan
Sebab gampang kenang najis lan kotoran

Lan adoh saka eling marang Pangeran
Sarta wis ora kanggonan kaberkahan

‘Ulama kuna banget ati-atine
Lan padha nemen-nemeni wira’ine

Padha ninggal jajan pasar dhaharane
Mula tekan kiamat harum asmane

Sira kudu padha ngedohi kekancan
Karo wong kang ahli gawe kerusakan

Lan ahli maksiyat lan anggur-angguran
Supayane sira ora ketularan

Sira kudu madhep qiblat yen lungguhan
Murih ganjarane amal kesunatan

Uga kudu padha ngalap kesempatan
Marang do’ane wong ahli kebagusan

Para ‘ulama akeh padha mupakat
Ana wong kang ‘alim sebab madhep qiblat
 


Sebab madhep qiblat iku amal sunat
Wektu lungguh kejaba tingkah darurat

Tinggal ing adab aja di anggep dhangan
Sarta aja padha tinggal kesunatan

Wong kang nggampangake tinggal kesunatan
Bakal nggampangake tinggal kewajiban

Lamon shalat kudu khusyu’ lan wacane
Kudu padha di angen-angen maknane

Atine tentrem lan mapan nggautane
Dadi nggampangake hasile ilmune

Kudu ta’at marang sekabehane perentah
Sarta ninggal kabeh barang kang dicegah

Amal sholih supaya dadi wasilah
Supaya dadi wong ngalim ingkang berkah

Marang Gusti Allah nyuwunana pangreksa
Supaya ilmu nira di baureksa

Saka lali lan maksiyat laku dosa
Namung saka Allah baguse pangreksa


BAB  7
PERKARA KANG MARAKAKE APALAN LAN KELALENAN

Paling kuat sebabe bisa apalan
Iku mempeng, telaten lan ngurangi mangan

Sholat sunat wengi sregep maca Qur’an
Iku uga dadi sababe apalan

Yen ngawiti ngaji macaha Bismillah
Nuli sateruse maca Subhanalloh

Walhamdulillah Laailaaha Illalloh
Nganti akhire baqiyatussolihah

Wong kang rumangsa apalane rekasa
Supaya tinggal kabeh tindakan dosa

Akehe riyak sarta teles-telesan
Iku dadi marakake kelalenan

Uga akehe dosa lan kesusahan
Kang hubungan dunyane lan penggaweyan

Nusahi ing dunyane dadi halangan
Saka nindakake amal kebagusan
 


Nusahi akhirate dadi dorongan
Marang nindakake amal kebagusan

Nusahi akhirat madhangake ati
Nusahi dunya iku metengi ati

Shalat khusyu’ angen-angen kang wigati
Lan mikir ilmu tamba petenge ati

Supaya apalan nyuwunana ijazah
Marang para ulama kang ahli hikmah

Nyuwun diparingi do’a lan wasilah
Kanggo wiridan akeh kang mustajabah

Ing kubure wong ngalim sregep ziyarah
Ngalap barokahe lan kanggo wasilah

Madhangake ati lan ngilangi susah
Syukur-syukur oleh ilmu mukasyafah


BAB 8
RIZQI LAN UMUR

Pengendikane Gusti Nabi Panutan
Ora bisa nolak qodlo ne Pangeran

Anging doa lan ora aweh tambahan
Umur sa’liyane gawe kebagusan

Manungsa rizqine bakal kinalingan
Sebab dheweke nglakoni keluputan

Goroh iku marakake kefaqiran
Semono uga turu isuk-isukan

Turu kang akeh iku nyuda itungan
Umure lan marakake kefaqiran

Rizqine lan ilmune kaling-kalingan
Wong turu iku umure kecolongan

Apa ora rugi wengine di itung
Kalebu umur nanging ora nggawa untung

Mung jalaran wong mau turu ne njungkung
Dadi akeh kewajiban ora rampung
 


Sira tangia wengi murih pitudhuh
Muthola’ah korasan nambahi kawruh

Turu ati mati, mata ora weruh
Umur kelong ora bisa nemu tempuh

Perkara kang marakake kefakiran
Iku mengko bakal ana keterangan

Murih aja padha dadi kebiasaan
Supaya rizqine ora kinalingan

Turu lan nguyuh wuda saka sandhangan
Nuli mangan nggantung junub lan lendhehan

Nganggo lambunge ngejorake panganan
Ingkang padha tiba wektune kepungan

Nyapu nganggo kacu, ngobong kulit brambang
Nyapu wektu wengi, ngobong kulit bawang

Uwuh nang njero umah ora di buang
Lumaku nang ngarepe guru kang mulang

Manggil ing wong tuwane nganggo asmane
Lebu lan endut kanggo masuh tangane


Lungguhan ana ing emper pomahane
Lawang kang sebelah dadi lendhehane

Wudlu nganggo banyu kulah WC ne
Njarumi sandhangan ana ing badane

Nyerbedi rahine nganggo sandhangane
Umahe ana susuh nggaranggatine

Lamon arep shalat ketungkul kliwedan
Ba’da shalat shubuh jengkare cepetan

Lungane menyang pasar gasik-gasikan
Mulihe saka pasar keri-kerian

Marang wong ngemis tuku roti remukan
Ndonga’ake ala ing anak turunan

Ora tau nutupi wadhah panganan
Nuli nyidhem lampune nganggo ambekan

Nulis nganggo qolam (pulpen) pecah kang dicancang
Nuli jungkatan nganggo jungkat kang rompang

Ndonga bagus marang wong tuwane samang
Nganggo serban karo lungguh ngarah gampang
 


Nuli karo ngadeg wektune sruwalan
Medhit, ngirit, boros, ngliwati ukuran

Lang gendhe-ngendhe nandangi kewajiban
Kerana nggegampang lan krana rasa sungkan

Ingkang narik rizqi nyuwun marang Allah
Ing temurune rizqi nganggo shodaqah

Menurut ngendikane kanjeng Rosululloh
Hadits Istanziluu ar-Rizqa bis Sodaqah

Gasik iku wektu kang duwe barokah
Nikmate Allah dadi mundhak lan tambah

Terutama rizqi peparinge Allah
Mula sira tangi gasik aja wegah

Ajer rahine, lan alus ngendikane
Sertane wong mau bagus tulisane

Paling kuar sebab ingkang ngasilake
Ing rizqine, shalat kanthi ngegungake

Ati khusyu’ rukune di jejegake
Wajib lan sunnate di sempurnakake


Shalat Dluha supaya dadi padinan
Maca surat Waqi’ah arep sare an

Al-Mulku Muzammil dadiya langganan
Wal-Laili, Insyiroh aja ketinggalan

Hadir marang Masjid sedurunge adzan
Suci saka hadats dadi kebiyasaan

Shalat sunnat fajar lan witire pisan
Di lakoni ana ing umah kabehan

Ba’dane shalat witir aja guneman
Karo wong wadon aja sering lungguhan

Nalikane ora ana kebutuhan
Lan ora tau ketungkul lelahanan

Wong kang sampurna iku kidhik guneme
Wong bodho iku mesthi akeh guneme

Pepahese manungsa sebab guneme
Nanging selamete sebab kidhik guneme

Getun sebab meneng cukup mung sepisan
Getun sebab guneman ora mung sepisan
 


Bisa di pulihake tatune gaman
Ora bisa pulih tatune ucapan

Saben esuk ba’dane metune fajar
Kaping satus maca tasbih lan istighfar

Lan kaping pitung puluh khusus istighfar
Di amalake ba’dane shalat fajar

Esuk lan sore Laa ilaa ha Illallah
Al-Maliku al-khaqu al-Mubin Insya Allah

Yen di waca ping satus dadi wasilah
Kanggo narik rizqi saka Gusti Allah

Lan telung puluh telu Al-Khamdu lillah
Subhanallah walaa ilaa ha Illallah

Saben dina lan macaha ingkang kathah
Ing sholawat Nabi lan sighot khauqolah

Maca Allohumma Ya-Ghonii Ya-Khamiid
Teruse iku Ya-Mubdii’u Ya-Mu’iid

Sa akhire pitung puluh di wirid
Saben dina Jum’at manut kang kewarid


Lan saben dinane maca do’a puji
Lan pengalem ing Allah kang sifat Siji

Dene tuladhane sira kudu ngaji
Kitab Ta’limul Muta’alim kang aji

Sira kudu nyempurnakake wudlu ne
Aja negor kayu kang teles kayune

Insya Allah sira manfa’at ilmune
Lan insya Allah bisa narik rizqi ne

Ilmuni tetamba niat ngalap berkah
Marang para Ulama kang ahli hikmah

Sebab kabeh perkara nduweni hikmah
Uga ngamalake marang sunnatullah

Iki nadzom sun arani Sapu Jagat
Petunjuk kanggo murih ilmu manfaat

Muga manfaati dunya lan akhirat
Marang wong kang nadzomake lan kerabat

Lan para santri pondhokan lan madrasah
Lan para putra kang ngaji ana umah
 


Muga padha ulih pitudhuhe Allah
Marang dalan kang bener mungguhe Allah

Dak pungkasi kelawan muji marang Allah
Rakhmat Salam katura ing Rosululloh

Lan para wargane kekasihe Allah
Nuli para sahabate Rosululloh (SAW)

Lan Tabi’in lan Tabi’it Tabi’iin
Lahum bi ikhsanin ilaa yaumi ad-diin

Wasalaamun ‘ala jami’il mursaliin
Wal Khamdu lillahi Robbi al-‘alamin

... Al-Fatihah …