NERANGAKE
DALAN NGASILAKE ILMU KANG MANFA’AT
JILID :   2
DENING
:
K.H. ACHMAD MUCHDZIR ACHSAN
ZAIN ‘ARIFIN
DI
TULIS LATIN DENING : 
MOHAMAD
MAKMUN, S. Ag
JL. BANYU PANAS,  PAGER GUNUNG, RT. 06 RW. 02 CIPARI,
CILACAP, JAWA TENGAH, INDONESIA.
2017
Daftar isi 
1.    
Pembuka ….……………………     Halaman 1
Muji
Syukur
2.     
BAB 1  …………………………    Halaman 3
Nerangake Ngawiti, Kira-kira  Lan Tertibe
3.    
BAB 2 ……..…………………..   Halaman 11
Tawakal
4.    
BAB
 3 ………………………… 
Halaman 15
Wektune
Ngasilake
5.    
BAB
 4 …………………………  Halaman 20
Welas Asih lan
Nasehat
6.    
BAB 5 …………………………   Halaman 25
Ngreksa/Njaga
  
MUJI SYUKUR LAN DO’A
Muji ing Alloh kang wis paring
kaunggulan
Ing   
putra    wayah   Nabi  
Adam kabehan
Ngungkuli kabeh alam makhluke Pangeran
Sebab  
duweni    ilmu     lan  
pengamalan
Nuli 
ing  Gusti   Nabi 
Rohmat   lan   Salam
Katur Gustine wong    Arab lan wong Ajam
Lan
keluarga,  sahabat  kang mimpin Islam
Sumber Ilmu lan
hikmah      lan dadi imam
Wus kanyata   iki  
zaman       pirang-pirang
Santri ngaji  nanging 
ingkang   alim kurang
Ingkang     ‘alim  
manfaat   ilmune      ilang
Ngamalake   lan  
nggelar   uga    terhalang
Sebab akeh kang  padha  
ninggal     dalane
Lan      
ora    netepi     ing      
persyaratane
Wong 
kang  salah   dalan  
sasar     tujuane
Ora 
bisa   hasil     marang       apa    
sejane
Mula   
ingsun    kersa     atur    
keterangan
Dalane 
ngudi    ilmu    ing   
para     ikhwan
Mundhute        kitab    
kang           anggitan
Lan saka guru     kang  
rupa    pengendikan
Lan 
ingsun  ngarep-ngarep   di 
dongakake
Muga kagolong wong kang   di selametake
Ulih   
beja   ing  dina    
kiyamat     mangke
Ing 
   Suwargane      Alloh        di lebokake
BAB 1
NERANGAKE
NGAWITI,
KIRA-KIRA LAN TERTIBE
Dina    Rebo   baguse  kanggo    kawitan
Ndherek marang dhawuhe Nabi
Panutan
Ing dina Rebo Allah kang
sifat Rohman
Gawe   padhang  sarta   duwe
kaberkahan
Wong   ngawiti 
 ngaji   iku    wulangane
                                       Kira - kira   ingkang 
 kongang    apalane 
Bali  ping  
pindho  terus  saben 
dinane
Sekalimat   -  
sekalimat      tambahane
Suwe - suwe   bisa 
nampani  piwulang
Ingkang   akeh  
di baleni   ora    ilang
Sebab    bisa 
paham  pikirane    terang
Lan   bisa 
ngapalake  kabeh  piwulang
Ngawiti   ngaji  
miliha   kitab     cilik
Kang   bisa  
idpahami  turut  sethithik
Kang gampang diapalake
bolak-balek
Atine   ora   
bosen    sarta       ketarik
Sedurunge     paham   
aja  di   catheti
Aja nulis  masalah kang durung ngerti
Paham   iku 
bisa  sebab   katerangan
Uga   bisa  
sebab   akehe      ulangan
Mula wong ngaji aja nambah
wulangan
Yen durung paham wulangan
kang kawitan
Mundak   ora 
paham   dadi  kebiasaan
Kabeh  wulangan 
ora  masuk   pikiran
Dadi  santri  kudu
 gelem   musyawarah
Gelem muthorohah, gelem
mudzakaroh
Takror  bebarengan  
karo  muhafadzoh
Uga   mubahatsah 
sarta   munadzoroh
Angen - angen,  pikir - pikir,  alon-alon
Supayane    perkara  
hak  bisa    keton
Aja ngodhek-ngodhek perkara
kang awon
Uga   aja  
bendu  yen   hujjah e  
kawon
Gawe  rekadaya 
kanggo  ngarah menang
Wektu   musyawarah   
iku  ora   wenang
Sebab  musawarah  
iku  ngarah padhang.
Lan   supayane  
pahame  ora  nyimpang
Musyawarah  nggampangake pemahaman
Lewih  kuat  
tinimbang   namung deresan
Karo   kanca  
ingkang  duwe  perwatekan
Ingkang  jejeg   
kang   ora   ugal - ugalan
Kabeh   wektu 
kudu  dadi    kesempatan
                                     Kanggo    mikir   
ilmu kang dadi pilihan 
Cara     iki  
kudu   dadi    kebiasaan
Supaya  nang 
atine   ilmune  mapan
Pikir - pikir lewih dhingin
aja tinggal
Yen   arep 
ngucap   supaya  ora 
asal
Tatu  saka 
guneman angel di tumbal
Tatune  gaman 
iku  kena  di 
tambal
Saben-saben  wektu 
lan saben kahanan
Supaya  kanggo 
ngalap ilmu  tambahan
Kaya  banda 
ilang  kang  dadi goletan
Ana  ing sedhingah wektu lan kahanan
Senajan   saka  
lisane    wadon  
amat
Lan senajan saka wong ahli
maksiyat
Lamon   bener 
kudu  di alap  manfaat
Supaya ilmune tambah lan
meningkat
Yen   ana  masalah  kang  durung
terang
Kudu   gelem  takon lan njaluk piwulang
Atine     terus   
mikir   supayane  terang
Yen ana wong takon gelem
aweh wulang
Ngaji    uga   bisa   nyambi
     kekasaban
Luwih-luwih yen wus nanggung
kewajiban
Wong kang ngakal lan badane
kewarasan
Ora    wenang   tinggal  ngaji  babar
 pisan
Yen sira   dadi  wong
 kang  akeh  bandane
Supaya       sira      akeh      
 kebagusane
Marang wong  -  wong
 kang akeh ilmune
Supaya    sira     dadi    tambah      ilmune
Yen   tambah  ilmune syukur ing Pangeran
Nganggo   ati   lan   anggautane  lan   lisan
Lan     bandane   
 uga    ora    ketinggalan
Amarga     ilmu    iku      paringe 
 Tuhan
Lan   wajib  nyuwun pituduh lan pitulung
Marang Gusti Allah
kang Maha Agung
Kanthi ndonga dhepe-dhepe
lang gumantung
Ing Allah kang nudhuh ake
ati bingung
Ulama   Ahlu  as  Sunnah   wal   Jama’ah
Pada    nywun
  pitudhuh  maring Allah
 
Mula     ilmune   ora   dadi
 fitnah
Lan   rineksa saka ahlu dlolalah
Wong kang
sasar ngujub marang panemune
Akale    lan   kacerdasan  
 pikirane
Akal    lan   pikiran
 iku gaweyane
Allah,   mula   terbatas    
 kekuatane
Ahli     sasar  
 dadi   apes   lan  kalingan
Lan    kesasar   saka   kang   dadi  tujuan
Sapa wong
kang weruh ing apese badan
Mesthi   ngeerti  ing  Kuasane
Pengeran
Wong kang
tetanggenan marang Gusti Allah
Bakal    di
cukupi   dening    Gusti
Allah
Sarta    bakal   
 oleh   pitudhuhe   Allah
Marang dalan
kang jejeg mungguhe Allah
Wong kang
ngaji aja medhit ing bandhane
Na’udzu   min  dzalika  ing Pengerane
Luwih  -  luwih
 marang  para  ‘Ulamane
                                          
Kanggo   wasilah   ngalap
berkah do’ane
Wong kang kepengin alim putra-putrane
Sarta kepengin alim tedhak
turune
Aja medhit shodaqoh karo
bandhane
Marang santri kang mondhok
lan ‘ulamane
Aja eman-eman kanggo tuku
kitab
Lan ngawehi wong kang
maknani ing kitab
Yen arep ngaji hadiyah ummu
al Kitab
Khusus marang mu’alif kang
ngarang kitab
Ahli ilmu aja gampang njaluk
paweh
Lan aja gampang ngarep-arep
paweh
Mundhak ilmune dadi di
anggep remeh
Ngasor ake awak iku ora oleh
Mula kudu bisa ngatur
pegaweyan
Kang wus bisa dadi sumber
penguripan
Supayane ora tomak marang liyan
Sebab tomak iku ngasorake
badan
Wong kang tomak iku ora duwe
aji
                                                
Awake lan ilmune ora
pinuji
Pendapate ora bisa tahan uji
Tingkah karo ati ora dadi
siji
Wong kang tomak marang
pewewehe liyan
Duwe rasa fakir sa’lawase
zaman
Ora wani ngucapake kebeneran
Iyaiku ora duwe pendirian
Kudune ngarep-ngarep Rohmane
Allah
Lan ora wedi marang liyane
Allah
Wong kang wedi marang
sa’liyane Allah
Bakal wani maksiyat ing
Gusti Allah
Santri kudu ngukur balaghe
wulangan
Sakirane paham yen ana
ulangan
Supayane ilmune ora
ketinggalan
Lan lisane jawabe bisa
apalan
Aja bosen mbolan mbaleni
wulangan
Ping lima sa’teruse patang
ambalan
Nuli kaping telu, nuli rong
ambalan
Nuli sepisan nganti dadi
apalan
Semangate kudu bisa tiba
tengah
Ngaji bisa ajeg ora kerasa
payah
Jadwale wektune ora
owah-owah
Saben dinane ilmune bisa
tambah
Kudu ana kitab kang dadi
apalan
Kanggo pokok maham masalah
tambahan
Kaya golek manuk wus duwe
kurungan
Uga golek bathi wus duwe
dagangan
BAB 2
TAWAKAL
Wong kang ngaji kudu tawakal
atine
Aja nusahi ing masalah
rizqine
Supaya ora ketungkul
pikirane
Mikiri barang kang dudu
tujuane
Manut pengendikane nabi
panutan
Wong kang ngaji ing agamane
Pengeran
Allah paring cukup saka
kesusahan
Lan Allah paring rizqi tanpa
dhugaan
Wong kang
ketungkul mikirake rizqine
Lan
ketungkul mikiri sandhang pangane
Ora bakal
kober mikir tujuane
Yaiku
ilmu ingkang luhur regane
Yen nafsu
ora di purih pegaweyan
Supaya
ngelakoni ‘amal kebagusan
Nafsu mau
mesthi bakal aweh beban
Supaya
ati nuruti kesenengan
Ngadhepi
urusan dunya aja susah
Susah iku
ora ngilangi musibah
Ati,
akal, badane dadi mafsadah
Uga amal
akhirate dadi bubrah
Wong
ngaji supaya ngurangi sangkutan
Kang
hubungan karo perkara kadunyan
Sekira kongang
menurut kemampuan
Mula
‘Ulama milih sistim pondokan
Wong
lunga ngaji atine kudu tabah
Ngadhepi
kangelan, ngadhepi musibah
Manut rekasane (a)keh
kidhike upah
Nabi Musa tindak ngaji
ngerasa payah
Lunga ngaji iku duwe
kautaman
Sa’ndhuwure wong kang lunga
peperangan
Mula wajar bakal ngadhepi
kangelan
Kabeh mau kudu di anggep
ujian
Lamon sira sabar ngadhepi
kangelan
Insya Allah bakal nemu
kanikmatan
Nikmate ilmu iku tan kena
padhan
Ngungkuli nikmate wong ahli kadunyan
Ahli ilmu kudu ketungkul
atine
Maham hukum agama saben
dinane
Lan aja nganti kesela
pikirane
Kanggo mikiri sa’liyane
ilmune
 
BAB 3
WEKTUNE
NGASILAKE
Senajan wis tua tetep
kewajiban
Murih ilmu malah wiwit nang
bandhulan
Nanging paling utamane
kesempatan
Yaiku nalika umure nom-noman
Ba’da maghrib kanggo nambahi
wulangan
Lan wektu ba’da Isya kanggo
bandungan
Wektu ba’da Subuh kanggo
maca Qur’an
Seminggu sepisan takror
bebarengan
Wektu isuk baguse mlebu
Madrasah
Wektu ba’da Dzuhur kanggo
istirohah
Ba’da Ashar Al-Qur’an lan
Mukhafadzoh
Yen dina kemis sore kanggo
Ziarah
Malem Jum’at tahlilan lan
barzanjinan
Nang wektu sahur mutola’ah
korasan
Lamon ngantuk wudlu
enggal-enggalan
Lamon bosen ganti
kitab lan korasan  
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar