Minggu, 26 Februari 2012

DO'A Istighfar dan Sya'ir Nasehat

SYI’IR DOA ISTIGHFAR

Ya Nabi kita nyuwun Syafa’atipun
Wonten panggenan nenem kang kita suwun
Pecatipun nyawa ingkang sepindhahipun
Mlebet ing Qubur ingkang ping kalihipun
Tangi saking Qubur ingkang ping tiganipun
Kempala ing Mahsyar ingkang sekawanipun
Wektune nimbang ‘amal ping gangsalipun
Wektune ngambah shirot ping nenemipun
Ya Alloh kita nyuwun dipun ngapunten
Sedaya dosa kita, alit lan ageng

SYI’IR NASEHAT

Awan – wengi aku iki nampa rejeki
Ayuh sujud kanggo syukur maring Illahi
Elingana ora wurung ya tekan pati
Mumpung urip ayuh padha sregep ngaji
Ora ana tujuan nang alam dunya
Amung madhep marang Dzat kang Maha Mulya
Sampurnane madhep iku dalan telu
Ya Syari’at, thorikot, hakekat melu
Maca Syi’ir aja janji maca syi’ir
Maca Syi’ir kudu dirasa lan dipikir
Maca Syi’ir aja niat dedolanan
Maca Syi’ir nyuwun ridlone Pangeran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar